De Eigenschappen van de Profeet (Vrede zij met hem)

 

Poro hadirin lan hadirot ingkang minulyo,

Sak  puniko kito sampun mlebet sasi Mulud utawi Robiul Awal tahun 1430 Hijriah. Milo kulo bade nerangaken budi-pakertinipun Junjungan kito kanjeng nabi Muhammad s.a.w. 

 

Wonten ing ceramah puniko kulo bade wicanten campur-campur.

 

Ing dino iki kito tasik ono ing sak njerone wulan Robi’ul Awal. Sasi iki di arani sasine Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w., amargo ing sasi Robi’ul Awal Rosululloh s.a.w. di lahirake dening Ibune Aminah lan ugo ing sasi iki Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w. sedo. Mulo kanggo mrengeti dhohire (kelahirane) Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w., ing dino iki arep tak terangake nur (cahyo) kang di titahake dening Allah, Ingkang Moho Kuwoso, ing zaman azale mbiyen. Nur iku artine cahyo (sinar ingkang madangi) lan nur ingkang di asto dening Kanjeng Nabi Mohammad s.a.w. naliko dhohire, iku kahanane ing mbiyen-mbiyene mangkene:

 

Ing boso Arab, Muhammad iku artine wong kang pantes pinuji. Sadurunge, durung ono manungso kang nganggo jeneng iki. Amargo pinercoyo dadi rasul pungkasan, mula uga sinebut Rasulullah (Rasule Allah, utusane Allah, supoyo maringi pituduh kang bener lan kang saking Allah, Ingkang Moho Kuwoso). Muhammad iku dipercoyo nggowo ajaran Islam lan dadi panutan muslim (wong kang milih Islam dadi agamane). Manut sajarah, Muhammad lair ing taun 570 Masehi ing Mekkah lan seda ing titi mongso 8 Juni 632 Masehi ing Madinah.

Muhammad = kang pantes pinuji. Jeneng-jenenge Kanjeng Nabi Mohammad ugo:

Al Amin = kang bisa pinercoyo utowo Al Shoodiq = kang bener

 

Bab geneyo kok ono Nabi lan Rosul.

Nabi minongko manungso kang diwènèhi wahyu (ajaran Islam kang ngandhut paugeran tartamtu) songko Allah SWT minongko pitutur urip, déné Rasul kuwi Nabi kang dipréntahaké Allah kanggo nyampéaké wahyu mau marang manungso sa jagat ana ing jamané. Rasul lan Nabi pungkasan yakuwi Nabi Muhammad SAW kang ditugasaké nyampékaké Islam lan paugeran kang kusus marang manungso ing jamané nganti dino kiamat. Sawisé panjenengane wafat/mati, tugas iku diterusaké déning poro pengikuté. Miturut Rukun Iman, wong Islam, kudu percoyo marang poro nabi lan poro rosul.

Ora diweruhi kanthi persis pirocacahé Nabi nanging kurang luwih ono 100,000 déné poro rosul cacahé kurang luwih ono 300. Nanging cacahé Nabi lan Rasul mau ora biso  dipesthèkaké.

Para nabi lan rasul kang wajib dimangertèni déning ummat Islam yakuwi:

  1. Nabi Adam a.s.
  2. Nabi Idris a.s.
  3. Nabi Nuh a.s.
  4. Nabi Hud a.s.
  5. Nabi Salih a.s.
  6. Nabi Ibrahim a.s.
  7. Nabi Luth a.s. (putrosaduluré Nabi Ibrahim a.s)
  8. Nabi Ismail a.s. (putro Nabi Ibrahim a.s.)
  9. Nabi Ishaq a.s. (putro Nabi Ibrahim a.s.)
  10. Nabi Ya'akub a.s.
  11. Nabi Yusuf a.s. (putro Nabi Ya'akub a.s.)
  12. Nabi Ayub a.s.
  13. Nabi Syu'aib a.s.
  14. Nabi Musa a.s.
  15. Nabi Harun a.s. (saduluré Nabi Musa a.s.)
  16. Nabi Zulkifli a.s.
  17. Nabi Daud a.s.
  18. Nabi Sulaiman a.s. (putro Nabi Daud a.s.)
  19. Nabi Ilyas a.s.
  20. Nabi Ilyasa’ a.s.
  21. Nabi Yunus a.s.
  22. Nabi Zakaria a.s.
  23. Nabi Yahya a.s. (putro Nabi Zakaria a.s. & saduluré Nabi Isa a.s)
  24. Nabi Isa a.s.
  25. Nabi Muhammad SAW

Sebagéyanan songko Nabi lan Rosul iki diwènèhi Kitab.

 

Muslim percoyo yen ajaran kang digowo dening Muhammad s.a.w. iku kang nyempurna-ake kabeh ajaran agomo kang nate ono ing ndunyo iki.

 

Saiki aku bakal menehi katerangan bab sifat-sifate Kanjeng Muhammad s.a.w..

 

1. Mohammed (De zeer geprezene).

Dit is de persoonlijke naam van de Profeet Sallalahu 'alaihi wasalam. Hij kreeg deze naam van zijn grootvader 'Abdoel Moettalib, die door iedereen gerespecteerd werd vanwege zijn edelmoedigheid. De naam is op vier plaatsen in de Qoer'aan te vinden. De letterlijke betekenis van de naam is degene die alle lofprijzing verdient, en degene die vrij is van elk gebrek en elke tekortkoming. Als je deze eigenschap wil navolgen, dan dien je met je hele hart Allah te aanbidden en te verheerlijken, waardoor je Allah's zegen kan verkrijgen.

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَآمَنُوا بِمَا نُزِّلَ عَلَى مُحَمَّدٍ وَهُوَ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ كَفَّرَ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَأَصْلَحَ بَالَهُمْ. (سورة محمد(47: 2))

[Qoer'aan 47:2. Maar zij die geloven en goede werken doen, en in hetgeen aan Mohammed is geopenbaard, geloven - dit is de waarheid van hun Heer - hun fouten zal Hij van hen wegnemen en hun toestand verbeteren.]

 

Artosipun ayat saking kitab Suci Al Qur'aan: Dene sarupane wong mukmin kang nglakoni panggawe becik sarto ngistokake marang Muhammad hiyo iko agomo kang bener terang dhawuhing Allah Pangerane. Allah ngapuro dosane lan becikake lakune.

Miturut dhawuhipun Allah puniko, kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bener-bener mbeto agami ingkang dados dhawuhing Allah Ingkang Moho Kuwaos, Ingkang mangerani sedoyo makhluk.

 

Bangsul dating naminipun Junjungan Kito Nabi Muhammad s.a.w. inggih puniko Muhammad.

Muhammad ingkang artosipun kang pantes pinuji lan ingkang bebas saking keciwa-an.

 

Saderenge, dereng wonten manungso ingkang ngangge nami puniko. Amargi dipun percados dados rasul pungkasan, milo ugo sinebut Rosulullah (Rosulipun Allah). Maksudipun rosul puniko nabi ingkang dipun paringi kitab dening Allah Swt.

 

Muhammad puniko dipun percados mbeto ajaran Islam lan dados panutan muslim (tiang ingkan milih Islam dados agamanipun).

Nami puniko ingkang dados naminipun kanjeng Nabi Muhammad s.a.w. piyambak naliko jaman semanten. Naminipun dipun sukani dening simbahipun ‘Abdul Muttolib, ingkang dipun ajeni dening sedoyo tiang kerono jujuripun. Nami puniko saged dipun sumerapi wonten ing 4 panggenan saklebetipun Al Qur’aan. Yen kito kerso tindak lelampahan kados puniko, kito kedah manembah lan memuji Gusti Allah kanthi ichlasing manah, supados dipun paringi rohmat dening Allah Ingkang Murbeng Gesang. 

 

2. Ahmed (De prijzenswaardige)

Ook deze naam is een persoonlijke naam van de Profeet Sallalahu 'alaihi wasalam. Zijn moeder Amina gaf hem deze naam na een aanwijzing gehad te hebben in haar droom.

De naam komt maar één keer voor in de Qoer'aan.

De naam houdt in dat hij zich zo veel bezighield met het verheerlijken en aanbidden van Allah, dat hij Ahmad, de prijzenswaardige, werd. Eerst kreeg hij de naam Ahmad en later werd hij Mohammed genoemd. Ahmad is zijn naam in de hemelen en Mohammed is zijn aardse naam. In Al Moewatta', de befaamde hadithverzameling van Malik, wordt er een hoofdstuk aan de namen van de Profeet Sallalahu 'alaihi wasalam gewijd. Hierin staat: "Malik heeft van Ibn Sjihaab van Mohammed ibn Djoebayr ibn Moet' im overgeleverd gekregen, dat de Profeet Sallalahu 'alaihi wasalamheeft gezegd:

 

'Ik heb vijf namen. Ik ben Mohammed. ik ben Ahmad. ik ben Al-Maah (de vernietiger), door wie Allah ongeloof vernietigt. Ik ben Al Haasjir (de samenbrenger) voor wie de mensen worden samen gebracht. Ik ben Al-aqib (de laatste)".

Als je deze eigenschap wil navolgen, dan dien je Allah te vereren en te prijzen.

وَإِذْ قَالَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ إِنِّي رَسُولُ اللهِ إِلَيْكُم مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرَاةِ وَمُبَشِّرًا بِرَسُولٍ يَأْتِي مِن بَعْدِي اسْمُهُ أَحْمَدُ فَلَمَّا جَاءهُم بِالْبَيِّنَاتِ قَالُوا هَـذَا سِحْرٌ مُّبِينٌ. (سورة الصف(61: 6))

6. En toen Jezus, zoon van Maria, zeide: "O kinderen van Israël, Ik ben Allah's boodschapper voor u, datgene bevestigend wat vóór mij in de Torah was, en een blijde tijding gevende van een boodschapper die na mij komen zal, zijn naam zal Ahmad zijn." En als hij tot hen komen zal met duidelijke bewijzen zullen zij zeggen: "Dit is louter bedrog."

 

Lan nyaritakno naliko isa anake Maryam, biyen mituturi mangkene: “Poro turune Israil! Aku iki utusane allah marang kowe netepake yen Kitab Taurot kang ono ngarepku lan kitabe poro nabi kang kuno-kuno iku temen kabeh bener. Sarto aku memeca ing tembe bakal ono utusane allah kang jumeneng sapungkurku kang namane Ahmad (Muhammad). Breng jumeneng kanthi tondho yekti pirang=-pirang, wong Bani Israel podho kondho: “Tondho yekti iki cetho sihir”.

 

Artosipun ayat ing nginggil puniko kados mekaten:

Muhammad, nyaritakakno nalikane Musa pitutur marang poro ummate: “Poro ummatku, ya gene kowe podho nglarakake atiku, ing mongko kowe wis podho weruh yen aku iki utusane Allah marang kowe. Bareng poro ummat mau podho puguh nyimpang sonko ing bener, Allah ora kerso nuduhake wong kang podho duroko. (سورة الصف(61: 5))

Nami Ahmad (ingkang paling wonten aji).

Ugi nami puniko nami chusus kangge Nabi s.a.w. Ibunipun nyukani nami puniko dateng panjenenganipun saking pitedah saklebetipun impen. Nami puniko wonten sepindah ing al Qur’aan. Maksudipun nami puniko, tiang ingkang ngatahi memuji lan ngabekti marang Allah. Ahmad puniko nami wonten ing akherat lan nami Muhammad nami wonten ing dunyo. Lelampahan lan tindak tanduk kito, kito kedah ngabekti lan memuji ing Allah.

 

3. Mahmoed (De geprezene)

 

Allah beschrijft twee bijzondere verworvenheden van de Profeet Sallalahu 'alaihi wasalamin het hieronder weergegeven vers uit de Qoer'aan. De eerste goede eigenschap heeft met deze wereld te maken, namelijk het verrichten van het middernachtelijke gebed. De tweede verworvenheid heeft met het hiernamaals te maken, waar hij aanspraak kan maken op de 'maqaam-al-mahmoed' (een prijzenswaardige positie). Omdat aan hem deze prijzenswaardige spirituele positie zal worden gegeven, wordt hij Mahmoed, ofwel de geprezene, genoemd. Op de dag van het laatste oordeel zal hij als bemiddelaar optreden. Als men dan ziet dat hij de maqaam-al-mahmoed heeft verkregen, zullen de mensen hem des te meer prijzen. Als je deze eigenschap wilt navolgen, dan dien je je die verworvenheden eigen te maken, waarom de Profeet Sallalahu 'alaihi wasalamgeprezen wordt.

 

Satunggalipun sifat Rosululloh s.a.w.  anggadahi gegayutan kalian dunyo puniko. Inggih puniko panjenenganipun remen sholat ndaluh utawi sholat tahajud. Ingkang nomer kalih anggadahi gegayutan kalian Akhirot. Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bade lenggah wonten ing ‘maqom-al-mahmud’ingkang sampun dipun sediaaken kangge piyambakipun. Puniko pendudukan ingkang paling kathah ajinipun. Ing dinten piwales  Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. bade mbelani ummatipun ingkang sami ngibadah kados panjenganipun. Dados kito ingkang manut perintahipun bade mangihi kabejan ing dinten Qiyamat. Yen kito kerso dipun paringi pitulungan ing dinten piwales kito kedah neliti sifatipun Kanjeng Nabi s.a.w. kenging nopo kok panjenengan bade dipun paringi pandudukan kados mekaten ingkang ugi kasebat wonten ing kitab Suci Al Qur’an kados mekaten:

وَلَوْ أَنَّهُمْ رَضُوْا مَا آتَاهُمُ اللهُ وَرَسُولُهُ وَقَالُواْ حَسْبُنَا اللهُ سَيُؤْتِينَا اللهُ مِن فَضْلِهِ وَرَسُولُهُ إِنَّا إِلَى اللهِ رَاغِبُونَ. (سورة التوبة (9: 59))

Jawinipun kirang langkung kados mekaten:

Lan saupomo wong munafiq mau podho narimo panduming paringi Allah lan Rosule, lan podho ngucap: “Kang nyukupi aku iki Allah”, ing tembe Pandukane Allah lan Rosule bakal paring kanugrahan marang aku. Kito kabeh dhemen marang  Pandukane Allah”.

 

Poro hadirin lan hadirot ingkang minulyo,

Punopo ingkang dipun paringaken dening Allah lan Rosululloh puniko? Monggo sami aniliti hal puniko. Satunggalipun peparing inggih puniko kasempatan/kalungaran supados sami ngginakaken tempo kangge ngibadah daten Allah s.w.t. Milo monggo sami-sami pados ilmu ingkang manfaat ingkang kito saged dipun damel ngibadah. Yen kito saged nyontoni tindak-lampahipun Kanjeng Nabi kito saged dados tiyang ingkang alim lan anggadahi sifat ingkang sahe. Milo wiwit dinten meniko monggo sami analisa/niliti dos pundi akhlak lan budi pakertinipun Junjungan kito Kanjeng nabi Muhammad s.a.w.

 

 

 

Poro hadirin lan hadirot ingkang minulyo,

Satunggal sifatipun Junjungan kito Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. ingkang kito kenal inggih puniko sabar. Sabaripun Kanjeng nabi Muhammad s.a.w. puniko kathah sanget, milo sumonggo kito sebagai wargo Muslim perlu nglatih dhateng arah perbuatan kesabaran. ingkang kados pundi perbuatan sabar puniko dipun umpameaken intan, mutiara ingkang gemerlapan. Kados pundi jiwa kito puniko, supadosa saget sabar dhumateng sedoyio percobaan ingkang dipun paringaken dhumateng kito manungso. Sumonggo manah kito, kito setir piyambak-piyambak kangge menuju arah kesabaran puniko. Ingkang kados pundi cocok kaliyan Firman Allah s.w.t. Surat Al-Baqoroh 155:

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الأَمَوَالِ وَالأنفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ. (سورة البقرة (2): 155)

 

Ingkang artosipun kirang langkung makaten:

"Lan temen-temen nyobo sopo ingsun marang siro kabeh kelawan sewiji-wiji songko wedi, luwe lan sudane bondo. Jiwo lan woh-wohan. - Lan paringono bebungah (Muhammad) marang wang-wang kang podho sabar".(Q.S. Al-Baqoroh 155).

 

Poro jama’ah ingkang kulo hormati,

Kanthi ayat puniko sagetkito faham lan kito fikir, bilih gusti Allah puniko nyoba dhateng kawulanipun kanthi pinten-pinten cobi. Lan cobi-cobi kala wau merupakan uiian kangge nglatih kesabaran kito sedoyo.  Kados pundi poro kawula kolo wau kiat punopo mboten, sabar punopo mboten. Pramilo kan.thi ayat puniko kito dipun paringi bebungah dhumateng tiyang-tiyang ingkang beriman lan sabar kanthi agama. Kanthi agama puniko, saget menuntun jiwa kito dhumateng kebahagiaan, keslametan nalika taksih gesang wonten ndonya puniko ngantos dumugi ing akherat ingkang baqo'. Kaliyan malih perlu kito nambahi kesabaran, amargi sabar puniko merupakan cohoyo; ingkang kados pundi cocok kaliyan ngendikanipun Rosultillah s.a.w. makaten:

قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: الصَّبْرُ ضِيَآءً. (الْحَديثُ) 

Ingkang artosipun kirang langkung makaten:

"Wus ngendiko Rosulullah s.a. w. : Sabar iku sinar (cohoyo)". (Al-Hadits).

 

Poro jama’ah ingkang kulo hormati,

Kanthi hadits puniko saget kito fahami lan kito mengertosi bilih perbuatan sabar puniko merupakan sinar ingkang cemer­lang. Amargi sabar puniko menuntun manungso dhumateng arah tahan uji. Dene sabar puniko pembagian menurut ahli tashawwuf inggih puniko: sabar 'alat thoo'ah sabar 'alal musiibah, sabar 'alal ma'siyah. Pramila kanthi pembagian sabar puniko kito saget meneliti dhateng pribadi kito piyambak-piyambak, kados pundi kito ing ndalem menghadapi, ma'siyat, musibah lan keto-atan. Sumonggo kito suprih ngengingi masalah kesabaran, amargi sabar puniko ganjaranipun ageng sanget, mboten, kenging dipun etang utawi dipun hitung, cocok kaliyan Firman Allah S.W.t. Surat Az-Zumar 10:

إِنَّمَا يُوَفَّى الصَّابِرُونَ أَجْرَهُم بِغَيْرِ حِسَابٍ. (سورة الزمر (39): 10)

Ingkang artosipun kirang langkung makaten:

"Setuhune den tuhoni (den paringi) wong-wong akeh kang podho sabar, mungguh ganjarane wong-wong mau  kelawan tanpo etungan".                                                                (Q.S. Az-Zumar; 10).

 

Poro jama’ah ingkang kulo hormati,

Kanthi ayat puniko saget kito fahami lan kito mangertosi, bilih kados punopo Gusti Allah piyambak sampun njanji dhateng poro kawulanipun, dene perbuatan sabar puniko ganjaranipun ageng sanget kanthi mboten etungan. Pramila sumonggo nglatih manah kito, pribadi kito dhumateng perbuat­an sabar, lan supadosa ing ndalem nyuprih kesabaran puniko saget manut kalian tuntunan Allah S.w.t. lan tuntunan Rosulullah s.a.w. kados ingkang kasebat wonten ing Al-Qur'an lan Al Hadits, kito badhe saget nggayuh cita-cita lan tujuan punopo kemawon ingkang sae lan pikantuk ridhanipun Gusti Allah Dzat Ingkang Moho Agung lan Moho Sabar. Al-Our'an lan Al Hadits merupakan tuntunan ingkang ngajak dhumateng poro kawulanipun utawi ummatipun dhateng arah kebahagiaan gesang_ wonten ndonyanipun ngantos dumugi akheratipun. Lan malih  kanthi kito (berpegang  teguh dhateng Al-Qur 'an lan Al Hadits berartos sampun mengikuti tuntunanipun Allah Ta 'ala làn tuntunanipun Rosulullah s.a.w., ingkang aitosipun kito sampun memenuhi ajaran sunnatulloh lan Sunnatur Rasul. Lan tiyang ingkang sabar puniko klebet tiyang ingkang teguh dhateng sedoyo persoalanipun. Cocok kaliyan Firman Allah s.w.t. Surat As Syuuraa 43:

وَلَمَن صَبَرَ وَغَفَرَ إِنَّ ذَالِكَ لَمِنْ عَزْمِ اْلأُمُورِ. (سورة الشورى (42): 43)

Ingkang artosipun kirang langkung makaten:

"Lan yekti temen-temen wong  kang sabar lan gelem ngapuro, setuhune mengkono-mengkono mau yekti klebu  golongane wong-wong kang teguh ing ndalem ngadepi perkara­ne".    (Q.S. Asy Syuuraa : 43).

 

 

Poro jama’ah ingkang kulo hormati,

 

Kanthi ayat puniko saget kito fahami lan kito mangcrtosi bilih ayat puniko nerlahaken bilih tiyang-tiyang ingkang sabar lan kerso paring pangapunten sesaminipun, puniko kalebet tiyang-tiyang ingkang kiat lan teguh ing ndalem ngadepi persoalan utawi perka wis punopo kemawon. Pramila sumonggo kanthi ayat puniko kito gali sak lebetipun perlu mendet hikmah lan faedahipun lelampahan sabar. Sumonggo menawi sak sampunipun kito sedoyo sampun mundhut kesimpulan lan faedahipun lelampahan sabar puniko, pramilo sumonggo kito tingkataken kesabaran kjta ing ndalem ngadepi sedoyo perkawis ingkang kito hadepi.

 

 

Geachte moslimbroeders en zusters, 

Laten wij met hart en ziel  Allah vrezen door Zijn geboden op te volgen, door het in praktijk brengen van de soennah van onze Profeet Moehammad s.a.w. Laten wij de verboden nalaten en indien mogelijk de makruh handelingen niet doen, zodat wij insya Allah  een sociaal voelend mens worden die gevoel heeft voor het goede voor zichzelf en voor zijn medemens. Immers op deze aarde of doenya moeten we onze amal of goede daden verrichten om straks het Paradijs of de Jannah te kunnen  binnengaan waar het goed wonen is en waar we alles kunnen krijgen wat onze harten begeren.

 

Op aarde wordt de mens beproefd met allerlei zaken. De mens wordt beproefd met honger, verlies van bezittingen, levens en vruchten zoals Allah in de Heilige Qoer’aan heeft geopenbaard in Soerah Al Baqoroh, vers 155 hetgeen als volgt luidt:

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِّنَ الْخَوفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِّنَ الأَمَوَالِ وَالأنفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ. (سورة البقرة (2): 155)

 

En Wij zullen u een weinig beproeven door vrees, honger, verlies van bezittingen, levens en vruchten; maar verkondig blijde tijdingen aan de geduldigen, ".(Q. Al-Baqoroh (1): 155).

 

De beproevingen is voor ieder mens anders. De ene wordt beproefd omdat hij rijk is, de ander omdat hij juist arm is. Anderen worden beproefd omdat hij een bepaalde positie heeft in de maatschappij of omdat hij veel kennis heeft. Het is de mens die moet weten wat zijn doel is hier op aarde en in het Hiernamaals. De mens die geen geloof heeft, kent slechts het leven op aarde. Wij gelovigen hebben nog een ander leven, het leven na de dood. Het leven na de dood zal er één zijn die de waarde zal hebben gelijk aan datgene wat wij op aarde heeft verzameld aan daden.  Als wij de beproevingen van Allah S.w.t. met geduld hebben kunnen verwerken dan zullen wij de vruchten plukken in het leven na de dood. Geduld is een toorts die ons door dit leven moet leiden. Hierover heeft Profeet Mohammad s.a.w. het volgende gezegd:

 

“Geduld is licht”;  hij wilde hiermee zeggen dat geduld ons veilig door het leven zal leiden. De geduldigen zullen niet worden afgeleid door rijkdom of armoede. In elke situatie zulloen zij hun ‘ibadah tegenover Allah niet vergeten. Zij zullen niet vergeten dat wat Allah laat gebeuren altijd een doel heeft om je geloof of imaan te testen. Het verlies van rijkdom is een teken dat je niet veel waarde moet hechten  aan aardse schatten. Bij het verlies van een dierbare, kijkt men naar de de daden van deze dierbare. Is zijn of haar daden goed geweest, dan is zijn of haar bestemming het Paradijs of de Djannah. In dat geval moet men blij zijn dat hun dierbare is heengegaan in goede doen. Heeft de dierbare teveel slechte daden verricht, dan moet dit een teken zijn, na alles goed te hebben geanalyseerd, dat men het beter moet doen. Men weet nu immers hoe het niet moet en welke daden men wel moet verrichten op deze wereld om het Paradijs binnen te gaan. Het dragen van het verlies samen met het tot de conclusie komen, dat men de beproevingen geduldig moet dragen en zich over moet geven aan Allah S.w.t. leidt tot een beloning die geen grenzen kent. Dit komt overeen met hetgeen Allah S.w.t. in Soerah Az-Zoemar (Q (39): 10):

إِنَّمَا يُوَفَّى الصَّابِرُونَ أَجْرَهُم بِغَيْرِ حِسَابٍ. (سورة الزمر (39): 10)

 

Zeg: "O, Mijn gelovige dienaren, vreest uw Heer." Voor hen, die in dit leven goed doen, is het goede. En Allah's aarde is ruim. Voorwaar, aan de standvastigen zal hun beloning zonder berekening worden uitbetaald.

 

Behalve dat men standvastig moet zijn is er een belangrijke taak voor de mens om goed om te gaan met zijn medemens. We moeten onze medemens met geduld en tact behandelen. Hebben we hun onrecht aangedaan, dan is het onze taak om vergevensgezind te zijn. Zo behouden we een saamhorige gemeenschap, die oog heeft voor elkaars fouten. De leden van zo’n gemeenschap zullen ook een sterk karakter hebben, die maakt dat zo’n gemeenschap elkaars noden begrijpt en niet gevoelig zal zijn voor de aantijgingen en aanvallen van buiten de gemeenschap.

 

Allah heeft in Soerah Asy Syuuraa Q. (42) : 43) het volgende geopenbaard:

وَلَمَن صَبَرَ وَغَفَرَ إِنَّ ذَالِكَ لَمِنْ عَزْمِ اْلأُمُورِ. (سورة الشورى (42): 43)

En hij die geduldig is en vergeeft, - dat is voorzeker een (teken) van een sterk karakter.

Moge Allah ons geduld versterken en ons groeperen tot de mensen die standvastig zijn in hun aanbidding van de Almachtige Allah S.w.t. Amin, yaa Robbal ‘aalamiin.

 

ا

 
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالصَّابِرِيْنَ. آمِيْن يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ.

 أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَـنِ الرَّحِيْمِ. وَالْعَصْرِ إنَّ اْلإِنْسَانَ لَفِيْ خُسْرٍ إلاَّ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوْا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ. وَقُلْ رَبَّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

 

Du’a.

الْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِيْ مَزِيْدَهُ، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ، اَللَّـهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى أَلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَارْحَمْنَا مَعَ هُمْ يَا أَرْحَمَ.

أَللَّهُمَّ ارْحَمْنَا بِالْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ؛ وَجْعَلْهُ لَنَا إِمَامًا وَّنُوْرًا وَّهُدًى وَّرَحْمَةً. أَللَّهُمَّ ذَكِّرْنَا مِنْهُ مَا نَسِيْنَا وَعَلِّمْنَا مِنْهُ مَا جَهِلْنَا وَارْزْقْنَا تِلاَوَتَهُ آنَآءَ الَّيْلِ وَآنَآءَ النَّهَارِ وَجْعَلْهُ لَنَا حُجَّةً يَّا رَبَ الْعَالَمِيْنَ.

اَللّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ سَلاَمَةً فِي الدِّيْنِ وَعَافِيَةً فِي الْجَسَدِ وَزِيَادَةً فِي الْعِلْمِ وَبَرَكَةً فِي الرِّزْقِ وَتَوْبَةً قَبْلَ الْمَوْتِ وَرَحْمَةً عِنْدَ الْمَوْتِ وَمَغْفِرَةً بَعْدَ الْمَوْتِ.

AL-LOOHUM-MA IN-NAA NAS-LUKA SALAAMATAN FI-DIIN(A), WA ‘AA-FIYATAN FIL DJASADI WA ZIYADATAN FIL ‘IL-MI WABAROKATAN FIR-RIZQI WA TAW-BATAN QOBELAL MAU-TI WA ROGMATAN ‘IN-DAL MAU-TI WA MAGH-FIROTAN BA’DAL MAUT.

“Dhuh Allah, kito nyuwun dumateng Paduko ing keslametan agami, keslametan badan, tamba ilmu, rejeki ingkang berkah, taubat saderengipun pejah, lan rohmat naliko pejah sarono ngapunten sasampunipun pejah”.

“Oh Allah wij vragen U vrede in het geloof, een gezond lichaam, meer kennis, spijt voordat we dood gaan en zegen tijdens het sterven en vergeving van de dood”.

اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ عِلْمًا نَافِعًا وَرِزْقًا وَاسِعًا وَشِفَاءً مِنْ كُلِّ دَاءٍ.


AL-LOOHUM-MA IN-NII AS-A-LUKA ILMAN NAAFI-AN WA RIZ-QON WAA-SI-‘AN WA SJIFAA-AN MIN KUL-LI DAA-IN.

“Dhuh Allah, kito nyuwun dumateng Paduko ing ilmu ingkan manfaat lan rizki ingkang jembar lan kesahatan saking sedoyo penyakit”.

“Oh Allah wij vragen U kennis dat voordeel geeft en grote welvaart en gezondheid van alle ziekten”.

اَللّهُمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيْمٌ، تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنَّا وَعَنْ وَالِدِيْنَا وَعَنْ جَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَـا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْـنَ.

AL-LOOHUMMA IN-NAKA `A-FUW-WUN KARIIM(UN), TUHIB-BUL `AF-WA FA`-FU `AN-NAA WAN `AN WAA-LIDIINA WA `AN DJAMII-`IL MUS-LIMIINA WAL MUS-LIMAAT(I), YAA AR-HAMAR ROO-HIMIIN(A).

Dhuh Allah Ta-`aa-laa setuhune Paduko Ingkang paring sakatah-katahipun pangapunten, Paduko remen maringi pangapunten, milo ngapunteni kito lan tiyang sepah kito lan sedoyo tiyang Islam djaler lan estri kanthi rohmatipun Paduko, dhuh Dzat kang langkung asih-asihipun Pangeran ingkang Moho Asih.

Oh Allah, U bent de Vergevende en de Nobele, U houdt om te vergeven, vergeef dan ons en onze ouders, alle moslims met Uw zegen, oh Allergenadigste.

وَصَلَّى اللهُ عَلَى خَيْرِ خَلْقِهِ  مُحَمَّدٍ وَأَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ، بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ، سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ، وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ،  وَالْحَمْدُ ِللهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.

WA SHOL-LAL-LOOHU `A-LAA KHOIRI KHOL-QIHII MUGAM-MADIN WA AA-LIHII WA SHOG-BIHII ADJ-MA-`IIN(A) BIROG-MATIKA YAA AR-GAMAR-ROOGIMIIN(A). SUBE-GAANA ROB-BIKA ROB-BIL `IZ-ZATI `AM-MAA YA-SHIFUUN(A) WA SALAAMUN `A-LAL MUR-SALIIN(A) WAL -GAM-DU LIL-LAAHI ROB-BIL `AA-LAMIIN(A).

 

Lan mugi-mugi Allah paring rohmat dumateng sak-sahe-sahening ciptaaniPun Muhammad soho ahlinipun lan shohabatipun sedoyo, kelawan rohmatipun Paduko, dhuh Ashi-asihipun Dzat ingkang sami asih sedoyo, Moho Sutji Pangeraniro, Allah ingkang Moho Mulyo saking sedoyo ingkang dipun sifataken dening poro manungso, sarto kasugengan mugi tetep kaparingaken dumateng poro Andika Rosul, ing wasono sedoyo pudji kagunganipun Pangeran Ingkang ngratoni sedoyo `alam.

 

En moge Allah Zijn beste schepsel Moehammad en al zijn volgelingen en metgezellen zegenen,

met Uw zegen, oh Allergenadigste. Heilig zij uw Heer, Allah, de Almachtige van alles wat de mens zich kan voorstellen en vrede zij met de Profeten en alle lof zij Allah, de Heer der Werelden.

En moge Allah Zijn beste schepsel Moehammad en al zijn volgelingen en metgezellen zegenen, met Uw zegen, oh Allergenadigste. Heilig zij uw Heer, Allah, de Almachtige van alles wat de mens zich kan voorstellen en vrede zij met de Profeten en alle lof zij Allah, de Heer der Werelden